Postingan

CRITO RAKYAT

Gambar
CRITA RAKYAT Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing srajoning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur(plot), sudhut pandhang, lan amanat. Unsur crita rakyat: ·  Tema : Ide pokok utowo permasalahan utama kang ndhasari crita. ·  Latar/ setting : Panggonan, wektu , utawa suasana kang mbantu cethaning crita. ·  Alur/ plot  : urut-urutaning kedadeane cerita. Alur kebagi dadi 2 yaiku alur maju/ p rogresif lan alur mundur/flash back  p rogresif. ·  Sudut Pandang : Nyritakake tokoh, barang papan, kewan, lan sapiturute. ·  Penokohan : Nggambarake karakter kanggo paraga. Paraga bisa dingerteni saka tumindake, ciri fisike, utawa lingkungan...

SESORAH

Gambar
SESORAH (PIDHATO) Pengertian sesorah Sesorah(pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu. Artinya: Pidato adalah bebicara secara lisan di depan orang banyak untukmaksud tertentu. a.     Ancasing sesorah/tujuan sesorah 1.   Atur Pambagyo yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan. 2.  Atur kabar/paring informasi yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang. 3.  Atur pangajak yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah 4.  Atur panglipur yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang ...

GUGON TUHON

GUGON TUHON Gugon tuhon  utawi wonten ing madyaning masyarakat jawa dipunwastani pepali utawi larangan. Gugon tuhon punika kalebet kapitadosan ingkang sampun wonten saking jaman rumiyin. Gugon tuhon inggih punika kapitayan utawi kapitadosan marang sawenehing bab utawi perkawis ingkang boten tinemu wonten ing  nalar . Tumprapipun tiyang pitados tansah gadhah raos sumelang manawi boten saged nyembadani prekawis ingkang ingkang dipunanggep mbebayani punika . Asaling tembung gugon tuhon Gugon asalĂ© saking tembung  gugu . Manawi tuhon saking tembung  tuhu Jinising gugon tuhon Ingkang kalebet bocah sukreta inggih punika: ·          Bocah  Ontang-anting  : putranipun namung satunggal, priya. ·          Bocah  unting-unting   : putranipun namung satunggal, putri. ·          Bocah  kedhana-kedhini...

GEGURITAN

Gambar
GEGURITAN A. Pengertian Geguritan Geguritan  yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan. Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi. B. Ciri - ciri geguritan Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku : duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e duweni bahasa ingkang endah lan mentes Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan C. Unsur - unsur intrinsik  Geguritan  uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika : Tema Bahasa kang endah Jud...

PAKAIAN ADAT JAWA TENGAH

Gambar
Pakaian Adat Jawa Tengah  1.  Klambi adat resmi Jawa Tengah Klambi adat resmi Jawa Tengah diarani Jawi Jangkep lan Kebaya. Jawi Jangkep yaiku klambi priya kang antarane ana kelengkapan kang digunaake kanggo perlengkapan adat. Jawi Jangkep iku arupa ndhuwuran yaiku klambi beskap motif kembang – kembang, lan ngisoran kang arupa kain jarik kang dililitake ing bangkikan, destar arupa blangkon, sarta pernik – pernik kang arupa keris lan cemila (sandal). Dene kebaya yaiku klambi adat piyantun putri kang arupa ndhuwuran yaiku kebaya, kemben, stagen, kain tapih pinjung, kondhe, sarta maneka rupa pernik – pernik kang arupa ali – ali, subang, kalung, gelang, lan kipas. Ing kasunyatane, panganggone klambi adat mau diatur kanthi adhedhasar strata utawa kelas sosial prinyatune. ·          Kebaya Ing umume, kebaya digawe saka bahan kain katun, beludru, sutera brokat, lan nilon kang warnane padhang, kaya ta putih, abang, kuning, ijo, bi...