PAKAIAN ADAT JAWA TENGAH
Pakaian Adat Jawa Tengah
1. Klambi adat resmi Jawa
Tengah
Klambi adat
resmi Jawa Tengah diarani Jawi Jangkep lan Kebaya. Jawi Jangkep yaiku klambi
priya kang antarane ana kelengkapan kang digunaake kanggo perlengkapan adat.
Jawi Jangkep iku arupa ndhuwuran yaiku klambi beskap motif kembang – kembang,
lan ngisoran kang arupa kain jarik kang dililitake ing bangkikan, destar arupa
blangkon, sarta pernik – pernik kang arupa keris lan cemila (sandal). Dene
kebaya yaiku klambi adat piyantun putri kang arupa ndhuwuran yaiku kebaya,
kemben, stagen, kain tapih pinjung, kondhe, sarta maneka rupa pernik – pernik
kang arupa ali – ali, subang, kalung, gelang, lan kipas. Ing kasunyatane,
panganggone klambi adat mau diatur kanthi adhedhasar strata utawa kelas sosial
prinyatune.
·
Kebaya
Ing umume,
kebaya digawe saka bahan kain katun, beludru, sutera brokat, lan nilon kang
warnane padhang, kaya ta putih, abang, kuning, ijo, biru, lan sapinunggalane.
Dene model kebayane ana kang arupa kebaya dhawa kang dhawane nganti tekan
dhengkul, lan kebaya cekak kang dhawane mung nganti sakdhawane bangkikan. Ing
bagian ngarep, yaiku bagian dhadha, ana kain persegi panjang kang nduweni
fungsi nyambungake sisi kiwa lan tengen. Kanggo ngencengake lilitan mau,
piyantun putri biasane nganggo stagen kang diubetake ing weteng nganti sak
enteke stagen mau. Supaya ora katon saka njaba, stagen banjur ditutupi nganggo
selendang pelangi kang rupane cerah.
2. Pakaian
Pengantin Adat Jawa Tengah
Sakliyane klambi
resmi, ugo dimangerteni saperang jinis klambi penganten adat ing sajroning adat
Jawa Tengah. Klambi pengantin mau akeh cacah ragam lan renane gumantung saka
adicara kang lagi kaleksanan. Ing adat pernikahan Jawa, ana saperangan upacara
ritual kang kudu dilakoni dening pinanganten keloron. Upacar-upacar kuwi yaiku
ana kang disebut midodareni, upacara ijab, lan upacara sakbanjure ijab. Ing
saben upacara mau, penganten wajib nganggo sperangan klambi penganten kang bisa
dipilah dadi kaya ing ngisor iki:
·
Upacara
Midodareni
Ing upacara
midodareni, klambi pengantin lanang yaiku klambi Jawa Jangkep kang antarane ana
klambi atela, sikepan, udheng, sabuk timang, kain jarik kanggo ngisoran, keris,
lan sandal selop. Dene penganten wadon nganggo busana sawitan. Busana sawitan
mau yaiku kebaya lengen dawa, stagen, lan kain jarik kang motife batik.
·
Upacara
Ijab
Ing upacara
ijab, klambi kang dianggo ening penganten wadon yaiku klambi kebaya lan kain
jarik, dene penganten lanang nganggo klambi telesan. Klambi telesan kang
dimaksud yaiku klambi saka dodot bangun tulak, kulu matak petak, sabuk lan
timang cinde, stagen, lan kathok dawa werna putih, keris warangka ladrang, lan
sandal selop.
·
Upacara
Panggih
Ing upacara
panggih, penganten keloron nganggo klambi adat Jawa Tengah kang diarani klambi
telesan. Klambi telesan yaiku kemben, dodot bangun tulak (kampuh), selendang
sekar cinde abang (sampur), lan kain jarik motif cinde sekar abang. Kajaba saka
kuwi, anak saperangan perhiassan kang dipaang ing pemganggone pengantin wadon.
Dene penganten lanang, perhiasan mau yaiku kalung ulur, ali – ali, timang/epek,
bros, lan buntelan.. dene penganten wadon perhiasane yaiku cunduk mentul,
centung, jungkat, kalung, ali-ali, gelang, bros, subang, lan timang.
·
Upacara
Sakbanjure Panggih
Ing upacara
sakbanjure panggih, penganten keloron nganggo klambi kanigaran (wanita) lan
klambi kapangeranan (pria). Klambi kanigaran yaiku klambi kebaya kanggo
ndhuwuran, kain jarik, stagen, lan sandal selop. Dene klambi kapangeranan yaiku
stagen, kuluk kanigara, sabuk timang, kain jarik, klambi takwa, keris warangka
ladrang, lan sandal selop.
Sumber Ing Brainly.co.id - https://brainly.co.id/tugas/8142064#readmore

Bagus nih
BalasHapusMantap
BalasHapusAsikkkk nikah
BalasHapus👍👍
BalasHapus👍👍
BalasHapusBagus
BalasHapus