GUGON TUHON
GUGON
TUHON
Gugon tuhon utawi wonten ing madyaning masyarakat
jawa dipunwastani pepali utawi larangan. Gugon tuhon punika kalebet
kapitadosan ingkang sampun wonten saking jaman rumiyin.
Gugon tuhon inggih punika
kapitayan utawi kapitadosan marang sawenehing bab utawi perkawis ingkang boten
tinemu wonten ing nalar. Tumprapipun
tiyang pitados tansah gadhah raos sumelang manawi boten saged nyembadani
prekawis ingkang ingkang dipunanggep mbebayani punika.
Asaling tembung gugon tuhon
Gugon asalé saking tembung gugu.
Manawi tuhon saking tembung tuhu
Jinising gugon tuhon
Ingkang kalebet bocah sukreta inggih punika:
·
Bocah Ontang-anting : putranipun namung
satunggal, priya.
·
Bocah unting-unting : putranipun namung
satunggal, putri.
·
Bocah kedhana-kedhini :
putra kalih, ingkang sepuh priya lajeng ingkang enem putri.
·
Bocah kembang sepasang :
putra kalih putri sadaya.
·
Bocah Uger-uger lawang :
putra kalih ppriya sadaya.
·
Bocah pancuran kapit sendhang :
putra tiga, putri priya putri.
·
Bocah Sendhang kapit pancuran :
putra tiga, priya putri priya.
1.
Gugon tuhon wasita sinandhi inggih
punika ingkang kalebet pitutur ingkag boten kalairaken kanthi melok. Langkung
kathah ngginakaken tembung "boten ilok" ingkang sejatinipun ngemu
teges boten becik.
ingkang kalebet gugon tuhon wasita sinandhi
inggih punika:
·
Ampun
ngidoni sumur mundhak
suwing tutukipun.
·
Manawi
wewehan dipunjaluk malih gulunipun gondhoken.
·
Boten
pareng lenggah wonten bantal mundhak wudunen .
·
Boten
pareng dhahar wonten peturon mundhak gudhigen.
1.
Gugon tuhon ingkang kalebet wewaler inggih
punika wewaler saking leluhur utawi tiyang ingkang dados cikal bankal wonten
panggènan punika. Amargi leluhur wau sampun naté nemu cilaka amargi nindhakaken
sawijining bab, lajeng migunakaken wewaler dhumateng anak putunipun
supados boten tumut nindhakaken.
Tuladha :
·
Tiyang
wonten ing Banyumas boten angsal kesah wonten ing dina Setu Paing. Miturut cariyosipun :
Sang Adipati ing banyumas manggih cilaka tindakan wonten ing dinten Setu paing.
Sang Adipati banjur paring pangandikan maran putra wayah saha para kawulanipun.
Sumber Ana Ing https://jv.wikipedia.org/wiki/Gugon_tuhon
👍👍
BalasHapus