GUGON TUHON


GUGON TUHON

Gugon tuhon utawi wonten ing madyaning masyarakat jawa dipunwastani pepali utawi larangan. Gugon tuhon punika kalebet kapitadosan ingkang sampun wonten saking jaman rumiyin.
Gugon tuhon inggih punika kapitayan utawi kapitadosan marang sawenehing bab utawi perkawis ingkang boten tinemu wonten ing nalar. Tumprapipun tiyang pitados tansah gadhah raos sumelang manawi boten saged nyembadani prekawis ingkang ingkang dipunanggep mbebayani punika.
Asaling tembung gugon tuhon
Gugon asalé saking tembung gugu. Manawi tuhon saking tembung tuhu
Jinising gugon tuhon
Ingkang kalebet bocah sukreta inggih punika:
·         Bocah Ontang-anting : putranipun namung satunggal, priya.
·         Bocah unting-unting : putranipun namung satunggal, putri.
·         Bocah kedhana-kedhini : putra kalih, ingkang sepuh priya lajeng ingkang enem putri.
·         Bocah kembang sepasang : putra kalih putri sadaya.
·         Bocah Uger-uger lawang : putra kalih ppriya sadaya.
·         Bocah pancuran kapit sendhang : putra tiga, putri priya putri.
·         Bocah Sendhang kapit pancuran : putra tiga, priya putri priya.
1.     Gugon tuhon wasita sinandhi inggih punika ingkang kalebet pitutur ingkag boten kalairaken kanthi melok. Langkung kathah ngginakaken tembung "boten ilok" ingkang sejatinipun ngemu teges boten becik.
ingkang kalebet gugon tuhon wasita sinandhi inggih punika:
·         Ampun ngidoni sumur mundhak suwing tutukipun.
·         Manawi wewehan dipunjaluk malih gulunipun gondhoken.
·         Boten pareng lenggah wonten bantal mundhak wudunen .
·         Boten pareng dhahar wonten peturon mundhak gudhigen.
1.     Gugon tuhon ingkang kalebet wewaler inggih punika wewaler saking leluhur utawi tiyang ingkang dados cikal bankal wonten panggènan punika. Amargi leluhur wau sampun naté nemu cilaka amargi nindhakaken sawijining bab, lajeng migunakaken wewaler dhumateng anak putunipun supados boten tumut nindhakaken.
Tuladha :
·         Tiyang wonten ing Banyumas boten angsal kesah wonten ing dina Setu Paing. Miturut cariyosipun : Sang Adipati ing banyumas manggih cilaka tindakan wonten ing dinten Setu paing. Sang Adipati banjur paring pangandikan maran putra wayah saha para kawulanipun.


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

SESORAH

PAKAIAN ADAT JAWA TENGAH

CRITO RAKYAT