GEGURITAN
GEGURITAN
A. Pengertian Geguritan
Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking
rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah
irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna
wonten ing lirik geguritan.
Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran
penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi.
B. Ciri - ciri geguritan
Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku :
- duweni patokan utawa aturan
geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra
- duweni makna utawa arti ana ing
lirik lirik e
- duweni bahasa ingkang endah lan
mentes
- Ing teks geguritan ono jeneng
pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan
C. Unsur - unsur intrinsik
Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra
liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
- Tema
- Bahasa kang endah
- Judul Geguritan
- Diksi
- Citra
- Purwakanthi
- Amanat kang ono ing jero ne
geguritan
D. Jenis - jenising Geguritan
Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
- Jenis Geguritan Ingkang
gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
- Jenis Geguritan Ingkang
nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
- Jenis Geguritan Ingkang pasemon
utawa duweni isi kritikan utawa sindiran
E. Syarat syarat maca Geguritan
Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora
sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate yaiku :
- Wirama --> Cendek
duwure nada utawa keras lemahe swara.
- Wirasa --> Perasaan utawa
penghayatan ketika moco geguritan
- Wiraga --> Polah utawa
gerake ketika moco geguritan
- Wicara --> lancar orak e
moco geguritan

👍
BalasHapus👍👍
BalasHapusCakep
BalasHapus