SESORAH
SESORAH (PIDHATO)
Pengertian sesorah
Sesorah(pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan
ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.
Artinya:
Pidato adalah bebicara secara lisan di depan orang banyak
untukmaksud tertentu.
a. Ancasing sesorah/tujuan sesorah
1. Atur Pambagyo yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae
kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.
2. Atur kabar/paring informasi yaiku sesorah kang aweh
kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.
3. Atur pangajak yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur
ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane
sesorah ing papan ibadah
4. Atur panglipur yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang
para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para
kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten
lan liya liyane.
5. Atur panyarue/ngemutake yaiku nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang
ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah
internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.
b. Bab wigati nalika lagi sesorah(bab
yang perlu diperhaikan saat pidato)
1. Basa
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing
diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom
tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih
tuwa/wong sing kudu diurmati.
2. Busana
Menawa sesorah becike nggunakake busana kang
becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo
ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek.
Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.
3. Swara
Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron
utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa
kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.
4. Solah bawa(sikap)
Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep
marang pamriksa,aja tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.
c. Bab kang kudu disingkiri
nalika sesorah
1. Polatan
mbesengut(terlihat marah)
2. Gugup(nerveous)
3. Ngguyu sing digawe
gawe(tertawa dibuat buat)
4. Sering ndeleng
cathetan(sering melihat catatan)
5. Bola bali ngobahake
tangan/sikil(terlalu sering menggerakan tangan/kaki)
6. Ngadeg kaku kaya wong
baris(berdiri terlalu kaku seperti orang baris)
7. Karo mloka mlaku(sambil
jalan jalan)
8. Tangan methentheng
9. Tangan mlebu sak
klambi/kathok(tangan masuk ke saku baju/celana)
10. Ngupil
d. Urutane sesorah
1. Salam pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh
kayata nuwun,kula nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa salam
liyane
2. Purwaka
Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur
marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur
panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku
3. Isi/wignatining atur
Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang
acarane
4. Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing
kagungan kersa marang tamune umpamane donga,
pitutur lan sapiturute.
5. Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu
utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak
tanduk sing ora mranani penggalih.
Contoh sesorah:
Assalamualaikum Wr.Wb
Nuwun,para pinesepuh ingkang satuhu luhuring
kawruh,Bapak Kepala Desa sapamongipun ingkang satuhu kinurmatan, Para Ketua RW
saha Ketua RT ing wewengkon desa Sukamulyamriki ingkang satuhu luhuring
budi,Ketua BPD saha para anggotanipun ingkang winantu ing bagya mulya. Mboten
supe para kadang pengurus saha anggota karang taruna ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan
ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung nun inggih Allah SWT
ingkang sampun paring pinten pinten kanikmatan,karohmatan,kaberkahan,saha
kasarasan dhumateng kita,saengga ing wekdal menika kita saged makempal ing
mriki kanthi boten wonten pambengan satunggal menapa
Sagung para rawuh ingkang satuhu kinurmatan
Kula ingkang pitados dados sesepuhing para
kadang pengurus karang taruna”Mugi Rahayu” ing Desa Sukamulya,ngaturaken
agunging panwun dumatheng sagung para rawuh sedaya ingkang sampun kersa
nglonggaraken wekdal netepi uleman kula kangge ngrawuhi adicara menika.
Salajengipun kula ugi ngaturaken gungig panuwun
dhumateng Bapak Kades ingkang sampun paring idin kangge ngawontenaken adicara
dinten menika.
Mboten supe kula ugi ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa pepidhan dhumateng sagung para rawuh ingakng sampun kepareng
paring pambiyantu awujud menapa kemawon,ingkang sedaya kala wau andadosaken
gancaring adicara dinten menika.
Bapak-bapak,Ibu-ibu,para rawuh sedaya kakung
miwah putri ingkang satuhu luhuring budi.
Minangka sesulihipun para kadang pengurus kula
nyuwun gunging samodra pangeksami mbok bilih anggenipun ngawontenakan adicara
menika kathah kekiranganipun,kiranging suba sita ,kirang papan palenggahan saha
ubarampe sanesipun,sepisan malih kula nyuwun gunging samodra pangaksami.
Para pilenggah ingkang kinurmatan.
Panjenengan sedaya kula aturi rawuh ing ngriki
amargi kula sekanca saking paguyuban karang taruna badhe ngaturi priksa babagan
program-program ingkang sampun karancang ing taun menika. Salah satunggaling
inggih menika ngugemi panywunipun para mudha ing Desa Sukamulya ingkang
kepengin nggadhahi lapangan olahraga bal-balan ingkang sae supados saged kangge
gladhen utawi latihan olahraga kanthi sekeca,sak saged-saged nggadhahi lapangan
ingkang selaraskalian standar nasional.
Pramila ing kalodhangan menika kula nggadhahi
pangajeng-ajeng mugia pepanggihan ing dalu menika saged kangge ajang pirembagan
saha penggalihan kados pundi saenipun supados pepenginanipun para mudha menika
saged kasebadan. Utaminipun dhumateng Bapak Kades saha ketua BPD ingkang
kagungan wenang,kula nyuwun pamrayogi,kawicaksanaan saha panyengkuyungipun.
Wonten unen-unen”Anak polah Bapa kepradhah” tegesipun menawilare nggadhahi
pepenginan,tiyang sepuhipun kedah tumut menggalihaken.
Kados namung semanten ingkang saged kula
aturaken wonten ing ngarsa panjenengan
sedaya,bilih kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun
agunging samodra pangaksami.
Nuwun..... Wasalamualaikum Wr.Wb

Bermanfaat
BalasHapusTak kasih mantap mantap
BalasHapus👍👍
BalasHapus