CRITO RAKYAT
CRITA RAKYAT
Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun
utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake
ing maneka werna kahanan, ana ing srajoning kumpulan, utawa pinangka crita
pamancing impen, lan sapiturute. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun,
kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur(plot), sudhut
pandhang, lan amanat.
Unsur crita rakyat:
· Tema :
Ide pokok utowo permasalahan utama kang ndhasari crita.
· Latar/setting:
Panggonan, wektu , utawa suasana kang mbantu cethaning crita.
· Alur/plot :
urut-urutaning kedadeane cerita. Alur kebagi dadi 2 yaiku alur maju/progresif lan
alur mundur/flash back progresif.
· Sudut
Pandang : Nyritakake tokoh, barang papan, kewan, lan sapiturute.
· Penokohan
: Nggambarake karakter kanggo paraga. Paraga bisa dingerteni saka
tumindake, ciri fisike, utawa lingkungane.
· Konflik :
Perkara kang dadi punjere crita
Karakter Crita Rakyat
· Anonim : Crita ora kaweruhan
sapa kang nganggit.
· Kolektif : Duweke masyarakat bebarengan.
· Dicritakake kanti lesan.
· Dicritakake turun temurun.
Jenising Crita Rakyat
· Mitos : Crita kang dianggep bener-bener
kedadeyan lan paragane arupa manungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni kesakten.
Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Sunan Lawu, Saridin, lan sapiturute.
· Legenda :Crita asal-usul sawijining panggonan lan
biasane ana petilasane arupa watu, wit, gunung, kali, lan
sapiturutipun. Kedadeane kutha Rembang, Rawa Pening, kedadeyane kutha Surabaya.
· Dongeng : Crita kang ngayawara lan ora bisa
dipercaya. Tuladhane crita Jaka Tarub, Keong Mas, Timun Emas.
Sumber Saka Ing :
Gegaran Nyinau Basa
Jawa 2 Kelas XI

Bagus
BalasHapusWkwk
BalasHapusGambar nya bagus
BalasHapusMateri mudah dimengerti
BalasHapusMantap mantap
BalasHapus👍👍
BalasHapusBagus banget
BalasHapus